BLOG BAHASA JAWA



BAB 1 : AKSARA JAWA 


1. Aksara jawa
Cacahe ana 20 jinis, yaiku:

2. Sandhangan




3. Pasangan

      Gunane pasangan knggo nyigeng wanda (saliyane paten h, ng, lan r)
4. Aksara Murda

      Aksara murda ing basa indonesia diarani huruf besar (kapital) lan aksara murda iki dienggo tata prunggu (pekurmatan)


5. Aksara Swara


6. Aksara angka


7. Pada


       Pada, menawa ana ing aksara latin diarani tandha baca, dene wujude kaya sing kapacak ing ngisor iki





BAB 2 : TEKS EKSPOSISI

      Wacan Eksposisi yaiku salah sawijining wacana sing bisa mbudidaya ngandharake pokok pikiran sing tujuane njembarake wawasan utawa pangerten sing maca.

Ciri-ciri wacan eksposisi: 

  • Arupa wacan informasi.
  • Ana gambar, grafik, karo tabel sing magepokan karo isi wacan.
  • Wasananing wacan ana penjelasan.

Jenis Wacan eksposisi:
  • Wacan sing nuduhake proses.
  • Wacan sing nuduhake tuladha.
  • Wacan sing nuduhake sebab akibat.

Carane nulis wacan eksposisi:

  • Nemtokake underane (Tema) perkara.
  • Nemtokake tujuwan.
  • Ngumpulake data saka maneka sumber.
  • Nyusun cengkorongan (Kerangka) sing cocok karo underan sing dipilih.
  • Ngrembakakake (Mengembangkan) Cengkorongan dadi paragraf eksposisi

Tuladha teks eksposisi


CARA NGGAWE SUP JAGUNG SPESIAL

BAHAN :
  1. 2 Jagung legi, dipipil
  2. 2 Wortel, diiris kothak-kothak
  3. 5 Sosis ayam utawa sapi, diiris tipis- tipis
  4. 1 Bawang bombay, diiris tipis
  5. 2 Godhong bawang, diiris alus
  6. 3 sdm sagu, diencerake ganggo 50 cc banyu
  7. 1 endhog pitik, dikocok
  8. 1,5 liter banyu utawa kaldhu
BUMBU :
  1. 3 Bawang putih dialusake
  2. 2 sdm kecap asin
  3. 3 sdm saus tiram
  4. Uyah, gula, lan mrica sacukupe
CARANE NGGAWE :
  1. Bawang putih ditumis nganggo sethithik lenga. goreng nganti wangi.
  2. Bawang bombay dicemplungake, diudhak nganti setengah mateng, banjur ditambahi jagung legi, wortel, lan kaldu nganti umup.
  3. Cemplungna kecap asin, saus tiram, gula, uyah, lan mrica.
  4. Cemplungna sosis, banjur dimasak nganti kabeh mateng.
  5. Tambahna banyu sagu lan terus diudhak.
  6. Tambahna kocokan endhog sinambi diudhak, pateni genine banjur diwur-wuri godhong bawang.


BAB 3 : BUSANA ADAT

      Ajining dhiri gumantung kedaling lathi, ajining sarira mapan ana ing busana. Ngono iku unen-unen Jawa supaya wong Jawa ngati-ati anggone padha muna-muni lan ngetrepake busana utawa pakean. Kalodhangan iki ayo padha ngrembug teks kang ndheskripsekake babagan busana Jawa.
       Busana kejawen kang genep mungguhe wong lanang dumadi saka wolung werna.
Wolung werna iku urut saka dhuwur: blangkon, beskap, keris, cindhe, tagen, epek, timang, jarik, lan selop. 

Tuladha teks dheskripsi babagan busana Jawa


Busana Adat Jawa 

      Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku: blangkon utawa dhestar, beakap utawa atela, sabuk utawa setagen, keris, cindhe utawa sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, lan selop.
 Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe dhewe.
      Perangan blangkon ana pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet utawa kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga. Pitung perangane keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong, wilah/katga/parung, pendhok, lan ganja.

 Tuladha pakaian adat Jawa Tengah. 




BAB 4 : SERAT WEDHATAMA


      Serat wedhatama iku anggitane Kanjeng gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung serat tegese tulisan utawa karya, wedha tegese wulangan utawa tuntunan, dene tama duwe teges utama utawa kautaman.
      Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekerti sapa wae kang maca.

Tuladhane Serat Wedhatama

Gambuh

Samengko ingsun tutur
 sembah catur supaya lumuntur
 dihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki 
ing kono lamun tinemu 
tandha nugrahaning Manon


  • Pupuh Gambuh ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 35 pada (bait). Sapada tembang Gambuh kiwa iki iki kawiwitan saka tembung Samengko tekan tembung Manon.
  • Guru gatra yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben papada tembung Gambuh ana 5
  • Guru lagu yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa suku-wulone swara saben pungkasanr gatra. Guru lagune tembang gambuh yaiku u,u,i,u,o.
  • Guru wilangan yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) sben sagatra (larik). Dadi, guru wilangane tembang Gambuh yaiku 7,10,12,8,8.
  • Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune temvng Gambuh, biasane ditulis: 7u,10u,12i,8u,8o.


BAB 5 : TEKS SESORAH


      Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh (masyarakat).
      Akeh tembung kang maknane padha karo seorah antara liya sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane.

Struktur bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan yaiku:
  1. Irah irahan
  2. Salam pambuka
  3. Pakurmatan
  4. Purwaka Basa utawa Pambuka
  5. Wos utawa Isine
  6. Andharan wose sesorah
  7. Pangarep arep
  8. Wasana Basa utawa penutup
  9. Salam Penutup

Tuladhane teks sesorah



Sesorah halalbihalal [1]

Assalamu'alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu, [2]

Bapak-bapak, Ibu-ibu, kaum muslimin-muslimat ingkang satuhu kinakbektan. Minal aidzin wal faidzin. [3]
Mangga sesarengan kula dherekaken ngonjukaken pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah. [4]
Ing kalodhangan menika keparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sedaya, saperlu ngaturaken prekawis sakedhik gegayutan kaiyan acara "Apura ingapura" utawi "Halalbihalal" warsa 1437 H menika. [5]
Kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu kapengker, umat islam saindenging Nusantara samya nindakake shalat ied. [6]
Ing wekdal ingkang sae menika mugi-mugi para kaum muslimin dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah siyam kanthi paring zakat fitrah. [7]
Makanten lan semanten atur kula, nyuwun pangapunten tumrap sadaya kaladuking atur sarta muranging trapsila. [8]

Wa assalamu'alaikum warahmatullahi wa barakatuhu. [9]




SUMBER : https://belajarbahasajawa2013.wordpress.com/2013/12/11/wacan-eksposisi/

Buku bahasa jawa kelas 11 dan 12
Aksara jawa : https://moondoggiesmusic.com/aksara-jawa/

Komentar

  1. Bermanfaat banget buat pembelajaran

    BalasHapus

Posting Komentar