BLOG BAHASA JAWA
4. Aksara Murda
Aksara murda ing basa indonesia diarani huruf besar (kapital) lan aksara murda iki dienggo tata prunggu (pekurmatan)

5. Aksara Swara
Aksara murda ing basa indonesia diarani huruf besar (kapital) lan aksara murda iki dienggo tata prunggu (pekurmatan)

5. Aksara Swara
6. Aksara angka
7. Pada
Pada, menawa ana ing aksara latin diarani tandha baca, dene wujude kaya sing kapacak ing ngisor iki
Wacan Eksposisi yaiku salah sawijining wacana sing bisa mbudidaya ngandharake pokok pikiran sing tujuane njembarake wawasan utawa pangerten sing maca.
Ciri-ciri wacan eksposisi:
Jenis Wacan eksposisi:
Carane nulis wacan eksposisi:
Tuladha teks eksposisi
BAHAN :
BAB 3 : BUSANA ADAT
Ciri-ciri wacan eksposisi:
- Arupa wacan informasi.
- Ana gambar, grafik, karo tabel sing magepokan karo isi wacan.
- Wasananing wacan ana penjelasan.
- Wacan sing nuduhake proses.
- Wacan sing nuduhake tuladha.
- Wacan sing nuduhake sebab akibat.
Carane nulis wacan eksposisi:
- Nemtokake underane (Tema) perkara.
- Nemtokake tujuwan.
- Ngumpulake data saka maneka sumber.
- Nyusun cengkorongan (Kerangka) sing cocok karo underan sing dipilih.
- Ngrembakakake (Mengembangkan) Cengkorongan dadi paragraf eksposisi
Tuladha teks eksposisi
CARA NGGAWE SUP JAGUNG SPESIAL
BAHAN :
- 2 Jagung legi, dipipil
- 2 Wortel, diiris kothak-kothak
- 5 Sosis ayam utawa sapi, diiris tipis- tipis
- 1 Bawang bombay, diiris tipis
- 2 Godhong bawang, diiris alus
- 3 sdm sagu, diencerake ganggo 50 cc banyu
- 1 endhog pitik, dikocok
- 1,5 liter banyu utawa kaldhu
- 3 Bawang putih dialusake
- 2 sdm kecap asin
- 3 sdm saus tiram
- Uyah, gula, lan mrica sacukupe
- Bawang putih ditumis nganggo sethithik lenga. goreng nganti wangi.
- Bawang bombay dicemplungake, diudhak nganti setengah mateng, banjur ditambahi jagung legi, wortel, lan kaldu nganti umup.
- Cemplungna kecap asin, saus tiram, gula, uyah, lan mrica.
- Cemplungna sosis, banjur dimasak nganti kabeh mateng.
- Tambahna banyu sagu lan terus diudhak.
- Tambahna kocokan endhog sinambi diudhak, pateni genine banjur diwur-wuri godhong bawang.
BAB 3 : BUSANA ADAT
Ajining dhiri gumantung kedaling lathi, ajining sarira mapan ana ing busana. Ngono iku unen-unen Jawa supaya wong Jawa ngati-ati anggone padha muna-muni lan ngetrepake busana utawa pakean. Kalodhangan iki ayo padha ngrembug teks kang ndheskripsekake babagan busana Jawa.
Busana kejawen kang genep mungguhe wong lanang dumadi saka wolung werna.
Wolung werna iku urut saka dhuwur: blangkon, beskap, keris, cindhe, tagen, epek, timang, jarik, lan selop.
Tuladha teks dheskripsi babagan busana Jawa
Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku: blangkon utawa dhestar, beakap utawa atela, sabuk utawa setagen, keris, cindhe utawa sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, lan selop.
Busana Adat Jawa
Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku: blangkon utawa dhestar, beakap utawa atela, sabuk utawa setagen, keris, cindhe utawa sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, lan selop.
Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe dhewe.
Perangan blangkon ana pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet utawa kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga. Pitung perangane keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong, wilah/katga/parung, pendhok, lan ganja.
Perangan blangkon ana pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet utawa kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga. Pitung perangane keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong, wilah/katga/parung, pendhok, lan ganja.
Tuladha pakaian adat Jawa Tengah.

BAB 4 : SERAT WEDHATAMA
Serat wedhatama iku anggitane Kanjeng gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung serat tegese tulisan utawa karya, wedha tegese wulangan utawa tuntunan, dene tama duwe teges utama utawa kautaman.
Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekerti sapa wae kang maca.
Tuladhane Serat Wedhatama
Gambuh
Samengko ingsun tutur
sembah catur supaya lumuntur
dihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki
ing kono lamun tinemu
tandha nugrahaning Manon
- Pupuh Gambuh ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 35 pada (bait). Sapada tembang Gambuh kiwa iki iki kawiwitan saka tembung Samengko tekan tembung Manon.
- Guru gatra yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben papada tembung Gambuh ana 5
- Guru lagu yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa suku-wulone swara saben pungkasanr gatra. Guru lagune tembang gambuh yaiku u,u,i,u,o.
- Guru wilangan yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) sben sagatra (larik). Dadi, guru wilangane tembang Gambuh yaiku 7,10,12,8,8.
- Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune temvng Gambuh, biasane ditulis: 7u,10u,12i,8u,8o.
BAB 5 : TEKS SESORAH
Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh (masyarakat).
Akeh tembung kang maknane padha karo seorah antara liya sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane.
Struktur bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan yaiku:
- Irah irahan
- Salam pambuka
- Pakurmatan
- Purwaka Basa utawa Pambuka
- Wos utawa Isine
- Andharan wose sesorah
- Pangarep arep
- Wasana Basa utawa penutup
- Salam Penutup
Tuladhane teks sesorah
Sesorah halalbihalal [1]
Bapak-bapak, Ibu-ibu, kaum muslimin-muslimat ingkang satuhu kinakbektan. Minal aidzin wal faidzin. [3]
Mangga sesarengan kula dherekaken ngonjukaken pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah. [4]
Ing kalodhangan menika keparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sedaya, saperlu ngaturaken prekawis sakedhik gegayutan kaiyan acara "Apura ingapura" utawi "Halalbihalal" warsa 1437 H menika. [5]
Kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu kapengker, umat islam saindenging Nusantara samya nindakake shalat ied. [6]
Ing wekdal ingkang sae menika mugi-mugi para kaum muslimin dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah siyam kanthi paring zakat fitrah. [7]
Makanten lan semanten atur kula, nyuwun pangapunten tumrap sadaya kaladuking atur sarta muranging trapsila. [8]
Wa assalamu'alaikum warahmatullahi wa barakatuhu. [9]
SUMBER : https://belajarbahasajawa2013.wordpress.com/2013/12/11/wacan-eksposisi/
Buku bahasa jawa kelas 11 dan 12
Aksara jawa : https://moondoggiesmusic.com/aksara-jawa/
Aksara jawa : https://moondoggiesmusic.com/aksara-jawa/





Keren
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapusGood,lanjutkan semoga bermanfaat
BalasHapusOk kak lanjutkan
BalasHapusBaguss 👍
BalasHapusCakep👍🏻
BalasHapusBagus
BalasHapusBermanfaat banget buat pembelajaran
BalasHapusBagus👍
BalasHapuskeren
BalasHapus👍
BalasHapusSipp👍👍
BalasHapusNtap kali
BalasHapuskereeen gaeees✌️
BalasHapusMantep pakk
BalasHapusBaguss
BalasHapusSuka
BalasHapusMantep pakk
BalasHapus👌👌👌
BalasHapusWow bangetttt
BalasHapusWow bangetttt
BalasHapus
BalasHapus👍👍
Keren bangeet
BalasHapusKeren
BalasHapus